Friday, April 16, 2010

Renungan Cah NDESO

Pancen sengSORO golek BONDO
ora RINO ora wengi awak do LORO
golek SEGO kanggo nyambung NYOWO
direwangi ninggalke NJOWO

nyebrang SEGORO lewat ANGKOSO
totohane NYOWO
bayaran ra SEPIRO
tuku Udud wae ora ISO

adoh sanak adoh KELUARGO
ora iso nungguni sing diTRESNO
weruhe mung wong LIYO

ati LORO gara gara BERITO
Sing di TRESNO kawin karo wong LIYO
mung iso ngelus DODO
yo wis ndang di JARNO
awak remuk ora diROSO
batin krasa KERONTO-RONTO

walah ROGO-ROGO
kapan iso urip MULYO??

yo wis ora OPO
mugo mugo dadi LEGOWO lan WICAKSONO
terus iso Mulih nang NDESO
mulih marang NJOWO
mbangun Ndeso ben dadi KUTHO...


pangapunten bilih kathah klenta klentunipun
cukup semanten anggene kawulo nyiprat aken
tulisan meniko

0 Comments:

Post a Comment